Rabu, 05 Desember 2012

Eling-Eling Siro Menungso



 Eling-Eling Siro Menungso
Oleh  KH. Ali Maksum

Eling-eling siro manungso # Nemenono nggonmu ngaji
Mumpung durung katekanan # Malaikat juru pati
Awak-awak wangsulono # Pitakonku marang siro
Seko ngendi siro iku # Menyang ngendi tujuanmu
Kulo gesang tanpo nyono # Kulo mboten gadah sejo
Mung kersane Kang Kuwoso # Gesang kulo mung sak dermo
Gesang kulo sak meniko # Inggih wonten ngalam dunyo
Dunyo ngalam kerameyan # Isine apus-apusan
Yen sampun dumugi mongso # Nuli sowan Kang Kuwoso
Siang ndalu sinten nyono # Jer manungso mung sak dermo
Urip donyo ora suwe # Bakal ngalih panggonane
Akherat nggon sejatine # Mung ngamal becik sangune
Sowanmu maring Pangeranmu # Sopo kang dadi kancamu
Sarto opo gegawanmu # Kang nylametake maring awakmu
Kulo sowan maring Pangeran # Kulo ijen tanpo rowang
Tanpo sanak tanpo kadang # Bondo kulo katilaran
Yen manungso sampun pejah # Uwal saking griyo sawah
Najan nangis anak simah # Nanging kempal mboten betah
Senajan bebondo-bondo # Morine mung sarung ombo
Anak bojo moro tuwo # Yen wis ngurug banjur lungo
Yen urip tan kabeneran # Bondo kang sapirang-pirang
Ditinggal dinggo rebutan # Anake podo keleleran
Yen sowan Kang Moho Agung # Ojo susah ojo bingung
Janji ridhone Pengeran # Udinen nganggo ngamal
Ngamal soleh ora mung siji # Dasare waton ngabekti
Nderek marang Kanjeng Nabi # Muhammad Rasulullahi
Mbangun turut ing wong tuwo # Sarto becik maring tonggo
Welaso sak podo-podo # Mulango marang ing popo-popo
Yen ngendiko ngati-ati # Ojo waton angger muni
Raqib ‘Atid kang nulisi # Gusti Allah Kang Ngadili
Ojo dumeh sugih bondo # Yen Pangeran paring loro
Bondo akeh tanpo guno # Dokter mung ngereko doyo
Mulo mumpung siro sugih # Tanjakno jo wigah-wigih
Darmo jo ndadak ditagih # Tetulung jo pilih-pilih
Mumpung siro isih waras # Ngibadaho kanti ikhlas
Yen leloro lagi teko # Sanakmu mung biso dungo
Mumpung siro isih gagah # Mempengo nyengkut jo wegah
Mongko siro yen wus pikun # Ora nelongso karo getun
Mulo konco do elingo # Uripmu sing ngati-ati
Mung sepisan ono dunyo # Yen wus mati ora bali
Gusti Allah wus nyawisi # Islam agomo sejati
Tatanan kang anyukupi # Lahir batin amumpuni
Kitab Qur’an kang sampurno # Tindak Nabi kang pertelo
Sinaunen kang pramono # Sing sregep lan ojo ndleyo
Duh Allah Kang Moho Agung # Mugi Paduko maringi
Ngibadah kelawan pitulung # Mergi leres kang mungkasi
 
Amin Amin Amin Amin # Ya Allah Rabbal ‘Alamin 
Mugi Paduko ngabulno # Sedoyo penyuwun kulo

Tidak ada komentar:

Posting Komentar