Rabu, 05 Desember 2012

SYAIR TANPO WATON


SYAIR TANPO WATON

Astaghfirullah Rabbal baraayaa # Astaghfirullah minal khathaayaa
Rabbi zidnii ‘ilman naafi’an # Wawaffiqnii ‘amalan shaalihan
Yaa Rasuulallah salaamun ‘alaik # Yaa Rafii’asysyaani waddaraji
‘Athftan yaa jiiratal ‘alami # Yaa uhailal juudi wal karami

Ngawiti ingsun nglaras syi’iran # Kelawan muji maring Pengeran
Kang paring rohmat lan kanikmatan # Rino wengine tanpo pitungan

Duh bolo konco priyo wanito # Ojo mung ngaji syari’at bloko
Gur pinter ndongeng nulis lan moco # Tembe mburine bakal sangsoro

Akeh kang apal Qur’an Haditse # Seneng ngafirke marang liyane
Kafire dewek gak digatekke # Yen esih kotor ati akale

Gampang kabujuk nafsu angkoro # Ing pepahese gebyareng dunyo
Iri lan meri sugieh tonggo # Mulo atine peteng lan nisto

Ayuh sedulur jo nglaleake # Wajibe ngaji sa'pranatane
Nggo ngandelake iman tauhide # Baguse sangu mulyo matine

Kang aran sholeh bagus atine # Kerono mapan sari ngelmune
Laku thoriqot lan ma'rifate # Ugo haqiqot manjing rasane

Al-Quran Qodim wahyu minulyo # Tanpo tinulis iso diwoco
Iku wejangan guru waskito # Den tancepake ing jero dodo

Kumantil ati lan pikiran # Ngrasuk ing badan kabeh jeroan
Mu'jizat Rosul dadi pedoman # Minongko dalan manjinge iman

Kelawan Alloh Kang Moho Suci # Butuh rangkulan rino lan wengi
Ditirakati diriyadhohi # Dzikir lan suluk jo nganti lali

Uripe ayem rumongso aman # Dununge roso tondo yen iman
Sabar narimo snajan pas-pasan # Kabeh tinakdir saking Pengeran

Kelawan konco dulur lan tonggo # Podo rukuno ojo gae sio
Iku sunnahe Rosul kang mulyo # Nabi Muhammad panutan kito

Ayuh ngelakoni sekabehane # Alloh kang bakal ngangkat drajate
Senajan asor toto dzohire # Ananging mulyo makom drajate

Lamon palastro ing pungkasane # Ora kesasar roh lan sukmane
Den gadang Alloh suwargo manggone # Utuh mayite ugo ulese

Tidak ada komentar:

Posting Komentar