Rabu, 05 Desember 2012

SYI’IR HABIB SYEKH


SYI’IR HABIB SYEKH

Shalli wasallim daaiman 'alaa Ahmada # Wal Aali wal Ashhaabi man qad wahhada

Sholat limang waktu ayo podho jogo # Jama'ah ning Masjid bareng sak kluargo
Ganjarane slawe jare nang Suargo # Malah iso dadi pitu likur ugo

Yen sholat kesusu ora bisa pernah # Ruku' lan sujude ditoto sing genah
Sing khusyu' lan hudhur ugo tuma'ninah # Ngerteni sing wajib lan ngerti sing sunnah

Akeh anak podho matur Tahlilan bid'ah # Akeh anak podho matur Sholawatan bid'ah
Bapak Ibu ora njawab sebabe susah # Durung durung anak iki kok ora nggenah

Akeh mantu podho matur Yasinan dosa # Akeh mantu podho matur Tahlilan dosa
Maratua ora njawab sebabe kroso # Durung durung mantu iki kok wis loro

Lanang karo wadon podho keluyuran # Pamit ning wong tuwo jare pengajian
Ing nyatane malah do pacar-pacaran # Budhal soko ngaji do bonceng-boncengan

Eman wong islam ninggal sholat wengi # Saben dalu turu ora gelem tangi
Sholat wengi ngono disenengi Gusti # Sopo gelem nyuwun pasti diparingi

Yen pengen nyenengne atine kanjeng Nabi # Ayo bareng-bareng sregep melu ngaji
Yen atine karep mesti ora nglali # Saben waktu ngaji ora gawe keri

Ojo seneng guyon yen waktu ngaji # Opo maneh sms mlaku riwa-riwi
Lungguhe sing anteng rungokno sing titis # Ilmu yen manfaat kanggo sangu mati

Klambine you can see utawa press body # Buka aurote ora duwe wedi
Ngunu kuwi podho karo buka wadi # Bakal nrima sikso suk yen wes koe mati

Lanang karo wadon manggon sepi-sepi # Gandeng senggal-senggol koyo kebo sapi
Ngono kuwi duso miturut poro Nabi # Ojo diterusno yen durung dirabi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar