Rabu, 05 Desember 2012

SYI'IR PADANG BULAN


PADANG BULAN
Oleh: Maulanaa Al-Habib Muhammad Luthfi bin Yahya Pekalongan


Allohumma sholli wasallim 'alaa
# Sayyidinaa wa maulaanaa Muhammadin
 'Adada maa fii 'ilmilla
ahi sholaatan # Daaimatan bidawaamin mulkillaahi
 
Padang bulan padange koyo rino
# Rembulane sing ngawe-awe
Ngelengake ojo turu sore # Kene tak critani kanggo sebo mengko sore

Iki dino ojo lali lungo ngaji # Takon marang Kyai Guru kang pinuji
Enggal siro ora gampang kebujuk syetan # Insya Alloh kito menang lan kabegjan

Lamun wong tuwo keliru mimpine # Ngalamat bakal getun mburine
Wong tuwo loro kundur ing ngarso Pengeran # Anak putune rame
-rame rebutan warisan

Wong tuwa loro ing njero kubur anyandang susah # Sebab mirsani putera
-puterine ora ngibadah
Wong tuwa loro ing njero kubur anyandang susah # Sebab mirsani putera-puterine dho pecah belah
Kang den arep-arep yo
iku turune rahmat  # Jebul kang teka nambahi fitnah

Jaman kepungkur ono jaman jaman buntutan # Esuk-esuk rame
-rame luru ramalan
Gambar kucing dikira gambar macan # Bengi diputer metu wong edan

Kurang puas luru ramalan # Wong ora waras dadi takonan
Kang ditakoni ngguyu cekaka’an # Jebul kang takon wis ketularan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar